RSS

JENENGKU KATEMI

"mbak kat ... aku pengen takok sejatine, sampean  iku nduwe hubungan opo mbi mas arip?" aku kaget ujug ujug wae adiku,Marsini takok neng selo selo ngonceki brambang.
" la ngopo kowe ujug- ujug takon ngunu kuwi neng aku?" pitakonku mbi tetep ngrajangi brambang, sesuk riyoyo koyo biasane aku mbiyantu mbah ibu gawe lontong, mbah ibu ancen hobby masak , makane nek pas riyoyo ngene ki biasane aku mbi adiku Marsini ngelembur mbiyantu mbah ibu ngonceki brambang, gawe lontong, ndeplok bubuk dele, sak ubo rampene, sejatine mbah ibu wis sepuh , bola bali wis sambat yen ampeane wis sajak linu, tapi piye mene, jik seneng eram masak,ora keno dipenggak, karepe isik koyok isih sehat, isih pengen gawe reno reno.
"ora mbak , aku muk pengen ngerti ae, kok koyone sampean iku cedak mbi mas arip" pitakone mene sajak moyoki , koyok pacokan bocah bocah.
" hash ... kowe kuwi sih cilik, ngerti opo?"
" halah .... cie cie ... mesti enek opo - opo yo mbi mas arip?"
" kowe kuwi meneng opo tak sumpeli lambemu mbi brambang? ndang di pususi kuwi lo berase, dokani mbah ibu, kuapok kowe" sumaurku koyo koyo nesu,
" iyo iyo .... ngunu wae kok yo nesu barang ? eh tapi mbak, mas arip iku menak lo di ajak ngobrol"
" la kowe ngerti ko ndi?" pitakonku karo neruske lehku ngrajang brambang,
" aku sering chatingan mbi mas arip,wong enak, piye ya mbak, koyone iku gak usah tak omongke, mesti ngerti opo sing tak pikirno, opo deke mbiyen muride eyang subur ya mbak?"
" hust ... ngawur!!yo ora lah .... mungkin ancen de'e iku ngerti masalahmu"
" yo ora mbak, sejatine aku nek curhat iku gak penah lugas , bohosoku rodok tak tutup tutupi, tapi tetep wae mas arip ngerti karepku"ujare Marsini, mbi mususi beras
" iyo ... nanging gak usah cedak cedak ... yo ...."
" lha ngopo mbak?"
" yo ora kepenak , kowe curhat koyo ngunu mbi mas arip, nganggu ... opo mene curhatmu iku sejatine ora patio penting, paling sing mbok bahas , yo Jalu , Jalu , Jalu to?"
" hahahaha, ora seh mbak , ora iku tok, aku yo pernah curhat merkoro gawean, tapi ancen mas Arip iku jos mbak, pengen golek mas arip sing sak umuranku, dadine iso tak pek bojo mbak"
aku muk meneng , ora sumaur, adiku ancen celebang celebung omongane, mungkin yo bener, arip iku sosok sing tak butuhke, duduk mungkin nek kabeh cah wedok sak ndoyo ngerti bocah koyok arip, mungkin kabeh yo bakal tresno mbi deweke, bocahe ora ganteng, ireng, tapi koyo nduwe karisma, nduwe istimewa sing ora ono neng wong lanang liyane.
" tanggih lamun kowe kuwi, mikir ojo duwur , duwur, ngepek arip , opo pengen di celathu mbi pacare?"
" lhoh? mas arip iku wis nduwe pacar mbak?"
" gundulmu, yo jelas uwis lah ... nek durung, sak durunge mbok rabi, uwis tak rabi disik , hahaha "
" nah ... sejatine , sampean yo ngesir ta mbak mbi mas arip?"
" hash kowe kuwi ngerti opo?"
"aku wis gede lhoh mbak,  aku wis nduwe KTP , terus aku yo pernah ngalami kuwi , sing jenenge Polling in lop mbak "
" walalah lah .... adiku iki .... kenek opo sampe koyo ngene, mesti goro goro sing jenenge jalu kuwi, jane koyo opo sampe koyo ngene"
" hwkwkwkwk lambemu mbak, ojo banter banter, weruh ibu, aku di penteng neng pemehan " kondone mbi nyirati aku banyu pususan.
" aku isih penasaran mbak, bojone eh ... pacare mas Arip iku ayu mbak?" mak tratap atiku , krungu pitakone marsini sing ngelingke aku neng kejadian 3 dino kepungkur,
"ayu ... mosok kowe gurung ngerti?" takonku mbi nyawang adoh rupane adiku, deweke muk gedek.
"bodine mulus, uwaaayu, rambute dowo sebahu, putih... sexy, pokoke, awake dewe ngene ki, ora ono sak tungkake" panjelasku sak gamblangku, sampe adekku muk dowah dowoh mbayangne bocah wandon iku.
"jeneng e sopo mbak"
" aku jane ora weruh jenenge sopo, tapi ndik mben tak delok neng facebooke Siti Wulandari , ayu to jenenge? "
"iyo mbak.,.. ayu yo ... mesti wonge yo ayu, aku yo jik pegel mbi bapak karo ibu, ngopo jenenge awake dewe gak apik yo ? jenengku , Marsini , terus jenengmu yo muk Katemi, uwis ... gak ono embel embele"
" hust .. bapak mbi ibuk iku , maringi jeneng iku wis paling apik kanggo awake dewe. doa iku.... "
"heleh ... "
" bocah dikandani wong tuwek kok yo ..."
" yowes njanjal mbak, mengko tak deloke, bocahe koyok piye, aku penasaran ,ayune koyo ngopo"
" terus nek wis ngerti ape ngopo?"
"yo ora opo opo mbak, aku cuma pengen ngerti selerane mas arip, mbok menowo,nek mengko aku ketemu mas arip versi sak umuranku, aku kudu koyok mbak ... sopo mbak? sri sopo mbak?"
"SITI WULANDARI. sri ... sri ... senengane ganti jenenge wong"
" naah ... maksudku kuwi mbak , hahahaha" rasane isih mak celekit neng ati naliko tak sebutno jeneng kui, atiku koyo di tunjepi peso , koyok di bacok mbi arit sing landep ora umum , perih loro, sing tak rasakno, pikiranku isih mikir kedadean 3 dino kepungkur, kupingku isih sayup sayup nangkep omongan sing marai aku ora iso turu, mangan ra jenak, sholat ra khuyuk,
" Par.... sing ndi areke , sing jarene ape ngrebut bojoku?" aloke Ndari pacare arip iku mbi ngelirik sinis neng aku.
" iki to?" takone banter sajak ben aku krungu terus nyadari yen sing dimaksud iku aku,
"iyo ... Bocah ndeso ,sing uayu dewe kuwi" kondone Parti koncone raket Ndari.
"Ayu? maksudmu? luwih ayu soko tungkakku? Biasa ..... ora ono apik apike....opone sing istimewa??"
mak tratap atiku, mak mbek koyok ono godo sing di pentungke neng raiku seketika iku. aku salah opo sampe sejatine de'e nyindir aku sampe semunune? ancen aku cedak mbi arip, iku cuma sebatas konco, mergo aku muk seneng curhat ambek deweke, kui pun aku curhat yo merkoro pacarku, Dimas. tapi ancen aku ngeroso yen Arip iku nganggep aku istimewa, kadang aku ancen bingung karo sikape Arip neng aku, tenanan opo guyonan iku ora ono bedane. tapi tetep wae, aku wis nduwe Dimas sing ngacani aku suwene 5 tahun, opo mene , aku yo ra sebanding mbi Ndari, sing ayune koyo widodari , ora mungkin yen arip iku seneng karo aku, arip iku kelase tinggi, muk wong wadon sing bener bener high class sing iso nyandak atine, la nek koyok aku? aku iki opo? wadon deso , sing ora ono opo opone, Katemi .... soko jenengmu ae wis ketok ndeso kowe kui mi .... yo wis sepantese nek kowe di celatu karo bacah wedok ayu sing sak nduwurmu, nyadari to mi... nyadar o nek , Arip iku cuma nulung kowe, arip iku cuma mesake marang kowe, ora ono maksud liyo, tapi keno opo Ndari sampe ngeloke aku koyo ngunu, ora mung aku wae, adiku barang oleh imbase, adiku ora luput soko aloke lathine sing luwih landep soko busure janaka sing iso ngilangke nyowo. mripatku mbrabak,lan ngunjal ambekan dowo , mbi tetep ngrajangi brambang.atiku kepiris ... rasane ora koyo ceblok soko lantai pitulikur gedung pecangkar langit, aku yo wis nyadari yen aku iki bocah ndeso, sing ora ono opo - opo, tapi aku ora seneng carane ngumbar fitnah yen aku ngrebut pacarke neng tonggo, kesane koyok bocah abg sing lagi rebutan pacar. tak akoni , ancen aku simpati marang arip, aku simpati lan seneng ngobrol mbi deweke, tapi aku sejatine yo pengen kenal, raket mbi Ndari, aku tarah iri karo Ndari, bocah wadon kang bejo oleh Arip sing ngerti lan nerimo opo onone Ndari,tapi aku muk sebatas iri, ora ono kepengenanku ngrusak hubungan Ndari mbi arip , ora ono terbesit neng pikiranku pengen Ngrebut arip soko deweke. atiku tatu mbi cara ngomonge, maune aku simpati mbi ndari sing ayu koyo widodari, saiki ambyar koyo awu ding katiup angin seketiko , naliko omongan sing nunjem neng atiku. atiku loro .... atiku nangis ... cukup semene anggonku curhat neng sliramu rip, aku nyuwun ngapuro yen aku gae tatu Ndari, aku nyadari, Ndari koyo ngene amargo deweke ora gelem kelangan kowe.
" mbaak, mbak katemi .... ono hapemu muni...." aloke Marsini mbuyarne lamunanku
"eh? lapo sampean nangis mbak?" pitakone adiku
" ah .. ora ... aku ngrajangi brambang, dadi mripatku pedes" sauranku ngelapi luhku, mbi nampani hapeku
" wealah ... koyok bocah lagi ajaran rajang rajang ae" kondone mbi nlunyur mlebu
tak delok hapeku, 1 pesan diterima , soko Ariep, tak bukak  koyo biasane sms nakoke aku lagi opo, tapi atiku wis kadung tatu, aku luwih sayang atiku, ketimbang loro pindo sing sampe ra ngregani ati, tak eling eling opo sing di kandake Ndari neng aku .. ora tak laleke sak umur uripku, tak hapus smse, lan nomore soko kontakku.aku ngunjal ambekan, sak elek eleke rupaku, sak elek eleke jenengku, aku isih bejo nduwe ati kang ayu, paling gak , aku gak penah gae tatu atine kanca kancaku. tak akoni Ndari pancen ayu ... tapi aku muk iso ndungo mugo mugo, lathi lan atine ayu koyo rupane.

0 komentar:

Posting Komentar