RSS

TANPO NDARU

"tumetesing waspaku , aku titip kembang mawar biru .... openono .... minangka tanda katresnanku ..." lagune waljinah iku nyumengkling neng radio lawas rego selawe ewunan jaman mbiyen suwargi mbah kakung. aku muk ngunjal ambekan mbi nyawang srengenge sing wis cemetar nduwur. tak sawang tanduran ijo sing semilak neng ngarepku, angin sepoi sepoi sawah iku ancen iso gae pikiran ayem, masiyo sejatine pikiranku iki nek iso digambarno koyo gabah di interi , mawut koyo sego goreng sing biasane tak tuku saben malem minggu. ora mergo lagune sing gembeng terus aku melu cengeng, tapi aku lagi mikir tawarane pakde Agung sing ape ngejak aku neng Bandung  seminggu kepungkur " lha we ki ngopo? di jak neng Bandung, kok koyo ditari rabi ngunu nek mu leh nangisi?" pitakone pakde, karo nyawang aku sing lagi ngelapi umbel mbi luhku sing dleweran gak iso kebendung neng pipiku
" koe njaluk tak sekolahke? S1 jare? jurusanmu iku neng Ngawi ora ono Nduk?ono e neng kutho gede ...."ngendikone pakde mbi nyruput wedang ronde gaweane mbah putri,
"wis to ... sak njalukmu, sekolah neng ndi, ITB? UI? opo UNPAD? tak ragati ... tapi melu o aku, di enggo ngancani dek Sedah" aku isih meneng ndingkluk ora kuwoso nyawang pakde , senadyan iku pakde soko ibu, aku ora nate ketemu, ketemu paling setaun pisan iku yo pas riyoyo, iku yo ora nate aku sampe ngobrol cerito paling mung salaman terus ora ngopo - ngopo, nanging ujug- ujug aku di tari melu neng bandung, pisah soko ibu, mbah putri , mbak nila, terus aku urip mbi wong liyo? ora tak pungkiri , sejatine iki sing tak enteni , aku pengen kuliah neng luar kota , koyo konco koncoku liyo, nek ku ndongo awan wengi , sejatine muk pengen aku kuliah neng luar kota, aku pengen mandiri. iku sing tak idam idamno. tapi ora ngerti ngopo aku mikir ping suwidak njaran merkoro tawaran pakde iki.
" kerjo dalem pripun pakde? dalem sampun tresno dadi guru, ambakno gajine mboten sepinten" jawabku mbi misek misek
" nduk ... koe ki jik sukwan, piro to gajimu? 100? 200?? koe gak usah kerjo , tak cadong mben wulan 1 juta, isih kurang? mengko ibumu yo tak jatah soko kono" aku tambah misek misek nek ku nangisi, duduk kui maksdku duduk merkoro duit nek ku kerjo, tapi muridku... aku wis kadung tresno mbi murid muridku sing mben ndino iso gawe uripku werno werno.
" mboten mekaten pakde, dalem mboten saget kesah kalian ibu..."
" hahahahah, umurmu iku wis 20 tahun lhoh nduk, diluk engkas wis rabi, mosok nek rabi ape ngejak ibumu? la yo lucu to? ancen koe kuwi lugu" aku ijik ndingkluk misek misek , aku ijik gak kuoso nahan luhku iki, sejatine , ogak ibu sing dadi alasan ... tapi  Ndaru, opo iso aku pisah mbi deweke? aku wis setahun pacaran mbi bocah lanang sing kuliah jurusan ekonomi manajemen neng UMS iki.aku ngerti nek Ndaru ora mungkin iso pisah karo aku,Ndaru iku duduk tipe bocah lanang setia , aku ngerti lan paham sejatine, tapi aku tresno , aku wis kadung tresno karo Ndaru, ambakno ibu ora setuju, tapi aku arep ngenteni Ndaru siap lan bisa di tompo karo ibu.
" wis, saiki ... pikirno disik , pakde ora mekso kowe, tapi nduk pakde muk pesen siji neng kowe, "dunia iki luaaas nduk ... kejem ... keras ... ojo mbog tangisi karo nongas - nangis , kudu tatag". pakde ngerti sejatine kowe iki pengen metu soko kene to? pengen " mabur koyo manuk manuk sing neng nduwur" kowe iso nduk, pikiranmu gak bakal kebuka nek koe tetep angkrem neng kene"ngendikane pakde nuturi aku sajak ngerti karepku, aku muk abot karo Ndaru.
" Gak usah mbog pekso yen kowe ora lilo, pakde emoh gowo kowe , yen kowe jik cengeng nongas - nangis ae" ngendikone pakde nyawang aku misek - misek.
" wis... ndang raup kono, koyok bar tak jotosi ae kowe wi , bu guru kok nangis ... ora ono guru gembeng iku" guyone pakde, ben ngeneng ngeneng aku,aku banjur pamit neng jeding, ngelapi luhku mbi neruske nangisku, rasane atiku gak karu karuan , isih gak lilo nanging atiku pengen, rasane cita - citaku neng ngarep moto, aku garek ngrayuk tapi aku jik nganyih nganyih , atiku gurung pengen nggayuh ...
"nek aku dadi kowe, aku bakal budal neng Bandung" ngomonge mbak neng njobo jeding , sajak ngerti nek aku isih neruske tangisku.
" Ndaru ora iso njamin masa depanmu,kowe gurung karuan rabi mbi Ndaru to? mandak Ndaru yo rung jelas masa depane" tungkese mbak , diselangi suoro rajangan brambang. aku muk meneng, mbales mbi suoro gebyuran banyu sing tak enggo ngraupi raiku. rasane kudu kudu o aku nyemplung bak mandi, trus klesotan bengok bengok sak senengku, pikiranku bunek, pikiranku sumpek.... neng pikiranku eneke muk Ndaru, bocah lanang sing gae aku sampe lali marang ndonyoku , Ndaru sing marai aku mupuske cita - citaku
" Prawan kok senengane nglamun, koyok mikir negoro ae, BBM mundak ... yo ben mundak ... gak osa mbok pikir" kondone Mas Jalu mbuyarke lamunanku. aku mesem mbi nyawang Mas Jalu lagi ngincengi pemandangan karo dleseran.
" hahaha ora ... aku muk nyawang polahmu sing  ra karu - karuan iku"
" Ngopo? tarah golek engle sing apik kok " kondone mlaku, nyedaki aku lan lungguh neng jejerku.
" sing uwis ki yo uwis ... gak usah mbok pikir mene, tarah yo wis ngene ndonyo ki, penting ki bahagia" kondone mbi nduduli tombol kamerane karo nyawang hasile.
"modelmu mas ...bahagia iku saiki nek nduwe duit, nek ora nduwe nduit iku tetep ae loro ati , koyo kowe to gawene loro ati "sumaurku mbi ungkang ungkang sikil neng nduwur lincak. angine semilir... lumayan iso ngilangke atiku sing lagi gak karu karuan.
" Urip iku lho, lapo di gawe angel ,... wong urip , syahdune wes koyo ngene lho dek " kondone mbi nyawang aku, koyok bakul obat nyakinke pasiene
" nek kowe dadi aku mas, aku kudu piye mas?" pitakonku ujug ujug mbi nyawang lurus neng sawah sing ombone pirang pirang hektar neng ngarepku iku.
" menurutku? jupuken tawarane pakdemu dek , tapi kuliah o neng jogja , ngancani aku ..." kondone sok serius, tapi blas ra nglegakno
" kowe iku mesti kok mas ...., nek aku iso ngunu, aku luih mending njupuk neng solo, ben iso cedak mbi Ndaru" jawabku mbi nyawang  bocah lanang ireng manis neng sampingku
" Ndaru mene, wong bocah koyo ngunu lho , dek dek, ... mbog tresnani sampe koyok ngunu" kondone mbi tetep nyawang hasil kamerane
" yo ben no to mas ... jenenge wae tresno ..." sumaurku mbi mecucu
"wong lanang iku neng ndi ndi podo wae dek, wis to percoyo o karo aku, nek Ndaru iku yo gak se apik sing mbok pikirno iku..."
" kowe barang mas?"
" weeeh... ojo salah , aku ki bedo mbi wong lanang liyane,... ora ono Jalu koyo aku sak ndonyo" kondone mene , persis koyok seles klambi lagi mayoke dagangane.
" kumaat ... mulai kumaat bakul obat e ..." kondoku mbi nyengir ngerti polahe.
"la Ndaru wis ngerti nek kowe ditawari kuwi?" pitakone mas jalu
" iyo jelas mas ... aku ora iso mendem dewe ... "
"lha terus deweke piye?"
" ndukung mas, koyone malah ndukung banget, tapi ... aku ragu ... koyone atiku nganjel "sumaurku mbi nyekeli dodoku sebelah kiwo
"Lhah .. lhah ..sauranmu dek ... koyok neng telenopela kae lo " kondone mbi ngakak ngerti bentukku sok dramatis, padahal sejatine tarah atiku lagi tragis.mas jalu tarah angel diajak ngomong tenanan, yo kadang kadang nek bodonge lagi kumat, mesti menak di ajak ngomong. mungkin pas dino iki, lagi wae kumat , dadi koyone percuma lehku cerito lan njaluk pertimbangan.
"grrrrrtt .... " hapeku muni  Ndaru sms, ora ngerti ngopo atiku san soyo kekoyak neng dodo, atiku panas, pikiranku san soyo ora karu karuan.keadaanku sing koyo ngene, ora ngedemke , malah nambahi pikiranku sing gak iso nentremke ati.
"Sopo? Ndaru?" pitakone Mas jalu
" Iyo mas ... " jawabku
" Oo.... " sumaure sajak pengen ruh, neng sungkan ape takon isi smse
" Aku kudu budal nok solo mas sesuk esuk"
" Lha arep nyapo???"
" Njelasno neng Ndaru opo sejatine sing dadi keputusanku"
Tak tatakne atiku, tak sholati tahajud, istiqoroh , sampe tak hajad i dienggo nemu keputusanku, tak toto atiku, tak yakinke awaku yen Ndaru iku pilihanku, aku ora bisa ninggalke Ndaru, aku tresno mbi Ndaru. tak tunggu sampe deweke siap nglamar aku. bengi iki tak siapno alasan kanggo ibu, masiyo kudu ngapusi ibu mene, tapi aku kudu iso menyang solo, nemoni ganthilane atiku sing tak tresnani. aku pamit karo mbak Nila, soko saurane , sajake ora seneng yen aku menyang solo dino iki, tapi ora tak pikirno , aku tetep nekat budal menyang solo, rasane mripatku wis wuta koyo atiku, pikiranku, isine muk Ndaru.
Tak gas motor matic merk Mio werno ijo , sing setia ngancani aku. tak titipke menyang penitipan langganan, tak delok jam isih jam 6 luwih seprepat , perkiraan jam 8 an aku tekan kono, aku sengojo ora sms , ora ngabari Ndaru yen aku menyang solo. aku pengen gawe kejutan. aku yo pengen ngerti piye ekspresine yen aku teko ujug - ujug tanpo di nyono, bakal seneng sing tak bayangno.
Perkiraanku ora mleset , jam wolu luwih limo aku tekan UMS, howone isih adem ... srengenge jik isin - isin arep metu , tapi koyone , mendung dino iki, arep udan. tak cepetno nek ku mlaku sampe daerah Gonilan. tak pikir kesuwen yen ku mlaku, tak putusno aku numpak becak wae. karoneh ... yo sekalian pengen ngamal, mesakno nyawang tukang becak sing saiki soyo angel golek pangan goro - goro saben sak uwong nduwe motor.
koyo biasane aku mesti gowo bekal dienggo Ndaru, Ndaru paling seneng masakane Ibu, pas iki ibu lagi masak lapis, aku ngerti yen Ndaru seneng banget karo lapis, makane mau, aku ngapusi ibu , ( mene - mene ngapusi ibu ) aku pengen maem karo kanca kampusku. padahal nek wes tekan solo, aku muk nyawang Ndaru maemi masakane ibu. senenge atiku ... koyo - koyo aku dewe sing masak kanggo deweke.
aku mudun , tak bayar becake .... lawang kontrakan sih tutupan, aku wis kenal mbi koncone Ndaru sak kontrakan, aku yo wis kenal kabeh pacar- pacare, nek ketemu , wis koyo ibu PKK arep kondangan, ra enek enteke nek rame. tapi muk aku pacar sing paling adoh, tur jarang neng kontrakan, paling sesasi pisan, iku o yo gak nate nginep, paling muk teko isuk sore muleh. ora koyo sing liyane sampe nginep 5 ndino.
"ceklek" tak bukak lawang kontrakan , trus aku mblunus menjero. ora ono beneke, paling isih mlungker neng kamar, tak bukak lawang kamar sing di bukak setengah, rasane malaikat izroil nyabut nyowoku sak naliko iku. motoku koyo diculek, sampe kroso panas ra umum , dodoku sesek koyo di antem watu kali sing gedhine ora ngumumi.
" buukk ...." suoro tasku ceblok, mbuyarne adegan syur kui mau , trus pelakune nyawang aku.rosone luwih mending aku salah kamar, opo duduk Ndaru pelakune.
"Mira...." kondone Ndaru sing isih neng posisi ndekep wedokan sing setengah ora klamben kui.
aku muk matung , ora bisa muni apa apa , luhku dumadakan netes koyo waduk gajah mungkur sing jebol 4 tahun kepungkur. aku ora iso muni opo opo... aku muk ora kuwoso , campur ora percoyo opo sing tak delok saiki.
" Mir... aku ... aku .... " kondone Ndaru , mangkat ko posisine sing syahdu kui banjur marani aku.
aku jik matung ngingeri rupane wedokan sing lagi mbenake klambine sing wis ora nutupi bagian nduwur awake.
" koyone aku salah kamar ... " kondoku jupuk tasku, mbi ngelapi luhku ...mlayu metu soko kamar,
" Mir, aku iso njelasno ... Mir,... "
"ora ono sing perlu di jelasno" kondoku mbi mbenake tali sepatuku
" Mir.. engko disik to mir,... mengko disik, kei kesempatan aku njelasno"
" Gak ono sing perlu mbok jelasno!!!!" kondoku mbengok sak banter banterku , ben rodok nglegake atiku.
" Ora koyo sing mbok delok kui mau Mir.... aku ... aku muk ... "
" Muk kelooon mbi wedokan kuwi mau?????" kondoku soyo banter, saking gak iso ngempet emosiku
"Mir... engko disik ... aku iso njelasno" kondone mbi nyekel lengenku
" Ojo ndemek aku!!!!" kondoku mbi ngipatke tangane deweke
"Aku wis JIJIK mbok demek" kondoku mbi ngingeti rupane sing wis mentolo napuk nganggo godo gone arcone duryudono.tak kuatne atiku, iku jawaban cukup sing kanggoku ora bisa tak laleke sopo pikiranku, udan sing biasane nyenengke aku, saiki ngancani aku ngrasake loroku.aku mlaku turut ndalan, aku nangis ndrenginging, ngrosoke atiku sing koyo dicacah dadi limo, koyo di giling mbi truk tronton, dibanting soko gedung lantai pitu likur. Renyuk sak kabehane, tak kuatno nek ku mlaku, tak tatakno nek ku mlaku.masiyo wis gak kuat, tapi aku kudu ninggalno ... kudu ninggalno kuto sing gawe aku loro, aku mlaku turut pinggir ndalan, ora peduli sopo sing nyawang aku soko kadohan. Ndaru muk bengak bengok soko kadohan, nanging aku wis ra gape opo sing di omongke. aku tetep mlaku... setengah mlayu karo ngempet lorone atiku. sampe aku ora ngroso opo opo, adem banget .... keselku ilang ... koyo - koyo rasane aku lagi neng awang awang ... duwur eram ...
" dek .... tangi .... " suwarane mas jalu sayup sayup neng kupingku, 
tak cubo mbukak mripatku sak kuatku, rasane koyo di ganduli watu timbangan sekilo. irungku sing dileboni selang rasane isis, tur ganjel ora kepenak, tanganku rasane ketat, koyo ono sing ndlawer neng sisik kiwo, ono roso anyep neng tanganku. lemes awakku, koyo bar poso pirang pirang ndino.
" aku jalu dek ....iseh inget to?" kondone mastike pikiranku
aku muk mesem sak bisoku. tak sawang mbak nila , ibu, mbi mbah putri , Pakde Agung, dek sedah, mbi budhe dewi nyawang aku.
"Pakde ora mekso kowe, saiki tergantung awakmu,pakde wis ngerti ceritane soko mas jalu" kondone pakde ngayemke atiku
aku muk mesem ...
" kulo bidal pakde,... kulo pengen nderek pakde ... kesah saking mriki" koncoku mbi luh ra mandek dleweran neng pipiku.
pakde muk mesem " lha tapi pakde moh lo ,.. nek isih nangis ?" guyone pakde
aku muk guyu karo ngempet loro, sing nunjem neng rahimku.
" yawis ndang istirahat, ojo akkeh gerak ... " kondone pakde, mbi metu soko kamar, disusul mbi ibu, budhe dewi, lan mbah putri.
" dek ... ono opo?" kondone mas jalu sing isih penasaran mbi ceritaku
" ibu mbi mbah ibu ngerti ta nek aku budal solo?"
" iyo jelas ngerti wong sing gowo rene iku Budhe ndari kok"  kondone mbak, mbi ngringkesi sak gelas banyu putih lan obat obatku
" kandanono iku adekmu dek ... aku wis kesel, ngunu yo jik ngeboti Ndaru sing koyo ngunu" kandane mbak nila nyang mas jalu , mbi neonyor metu ko kamarku
" saiki cerito o neng aku , ko iso sampe koyo ngene awakmu?" kondone mas jalu lungguh neng jejer dipanku
" Ora ono opo - opo mas .... aku gak popo ..."
" ojo sok ngapusi, aku iki wis ngerti modelmu iku"
" Ndaru tetep ora setuju???" kondone mbedek sajak koyo mamah loren
aku muk mesem .. " kowe bener mas ... ancen ora ono wong lanang koyo awakmu sak ndonyo"
mas jalu muk mesem , sajak ngerti opo sing tak maksudno, tak lilakne Ndaru soko uripku,tak toto atiku,lan tak gayuh masa depanku. Tanpo Ndaru...


0 komentar:

Posting Komentar