“ Buukkk….!” tak buang undangan manten e
Fatim kanca raketku nalika SMA ning njogan ngono wae.
Bukane aku males teka merga aku pernah di
dakwa ngrebut pacare deweke, tapi, merga dino ne iki aku ora nduwe pasangan
sing tak jak budal. Aku lagi wae pedot karo Tama rong sasi kepungkur, atiku
durung garing tatune, lan durung siap nampa tresna liya.
Tapi, yen aku teka ijen. Raiku iki arep tak
dekek ning endi..? kabeh kanca-kancaku mesti gawa pacare dewe-dewe, lan sing
paling nggawe atiku miris kuwi, Tama saiki pacaran karo adik e Fatim. Asline,
ning batinku iki kudu misuh-misuh sing ora kinira.
“ Nyapo raimu lungset koyo klambi ra mambu
setrikan…?” takone mbak Mike karo jungkati rambute sing dowone sak buntut jaran
ning kaca rias kamarku.
“ Bingung aku, Mbak…” kandhaku cekak.
“ Kapan dapurmu iku ra bingung…?”
“ Iyo seh, tapi iki bingung e tingkat emergency mbak.
Wes masuk ICCU ki…”
“ Nyapo…? Crita ta…”
“ Nyoh, woconen dewe…” kandhaku karo ngelungne
undangan ungu, sing ana pita emas e.
Mbak Mike mung ndomblong, karo njinglengi
undangan karo
diwolak-walik sajak bingung.
“ Kuwi undangane Fatim, Mbak….” Kandhaku njelasne.
“ Lha terus…? Opo sing nggarai raimu koyok
kethek kalah royok an gedhang ngunu kui…?” kandhane mbak Mike isih
domblang-domblong.
“ Lha, mbak…! Aku bingung, arep teko opo ora…”
“ Lha lapo kok bingung…? Teko yo teko, ora yo ora.
Sedeng temen arek iki…”
“ Lek aku teko dewean…? Raiku iki bakal tak dokok
endi…? Kabeh kanca-kancaku mesti teko karo pacare dewe-dewe, lha aku…?
Ingah-ingih dewe…? Hash….”
“ Lha kowe kuwi kurang satria. Lek pancen kowe durung
payu yo akui saja di depan masyarakat umum, lek ancene kowe durung payu. Laopo
kathik isin barang…? Urip pisan ae mbok gawe repot she…”
“ Mbak, sampeyan lali ta..? Lek Tama mantan pacarku
sing bajingan kui saiki yang-yangan karo adik e Fatim…? Raiku iki lo mbak, tak
dekek endi nek aku teko dewe ra nduwe yang…? Podo ae aku moro karo
bengok-bengok ‘ hei, ki lo aku durung enek sing nggelemi, aku durung payu…’
seneng ta, ngerti adikmu iki dadi konsumsi public…?”
“ Hash…bahasamu koyok selebritis ae. Iyo, ya. Lali
aku yen Tama saikipacaran karo adik e Fatim.”
“ Makane… sampeyan iku ilang ingatan jangka pendek ta
mbak…?”
“ Kapan rabine…?”
“ Minggu…”
“ Putut ana acara ra…? Wes nduwe Yang…?”
“ Durung kayak e, yo opo ngerti aku deweke nduwe
acara opo ora.”
“ Takon saiki… cepet…”
“ He, lha opo hubungane karo Putut se mbak…?”
“ Yo, disewa sedino dadi yangmu ta, kon kok kemplu
se…”
“ Ealah…” kandhaku karo ngeplak bathukku dewe, “ lagi
mudheng aku mbak.Iyo, jajal tak sms e…”
Ora kesuwen aku langsung sms putut lan
nakokne kabeh sing tak butuhne kiro-kiro kanggo nonton manten suk minggu.
Ide ne mbak mike ora ana eleke, putut dari
segi rupa, ngganteng e ora kalah karo Egy John Foresty sing nate main sinetron
karo Marshanda
nalika aku isih SMP. Saka segi pendidikan, deweke kancaku kuliah lan wisuda
bareng, kluargane welcome, lan sing podo kenal karo bapak lan ibuk. Wes jan
mathuk tenan dienggo pacar ethok-ethokan sedino wae.
Tak bukak lemari klambiku, wes ora ana
wektu maneh. Aku kudu gerak cepat nemokne klambi sing pas kanggo teko ning
mantenane Fatim. Tapi, klambiku wes ra ana sing pantes tak gawe kanggo nyulekne
matane Tama nek aku ki ra mbutuhi dapurane maneh. Aku wes ora bakal nangisi
lungane deweke sing wes ora mbutuhi aku.
“ Mbak…” tak bukak lawang kamare mbak Mike alon-alon.
Tapi, sing tak celuk i ora ngreken.Mripate
merem, kupinge disumpeli headset.
“ Mbak…!” kadhaku rada seru karo nyopot
headset ning kupinge.
“ Heh, ana apa…?” kandhane sajak kaget aku
ujug-ujug wes njemumus ning ngarep e.
“ Anu, mbak…”
“ Anu-anu… ngopo kowe ujug-ujug mlebu kamarku, mak
bedunduk ning ngarep raiku…? Nggarai wong kaget ae. Untung aku ra jantungan.”
“ Lha aku mau wes mlebu kamar alon-alon tak celuki,
mbak Mike ra krungu og…”
“ Enek opo…?”
kandhane karo nyopoti headset e lan mateni lagu sing dirungokne ning HP ne, “
hawa-hawane kowe mbutuhne aku…?”
Aku ora sumaur, aku meneng karo manthuk.
“ Rupamu eg. Wes ketoro, Yem. Opo…? Nyilih klambi…?”
“ He…he…he…” kandhaku mesem.
“ Hash… “ kandhane mbak mike karo menyat mlaku mbukak
lemari klambine.
Aku mung ngetutke ning mburine wae.
“ Nyoh, iki klambi anyar durung tau tak enggo, wingi
aku tuku ning online shop tapi kecingkangan. Pek en wae.“ kandhane karo
ngekekne ning aku gamis terusan warna coklat.
“ Hahahaha….” Kandhaku karo mrenges. Lagsung tak saut
klambi kuwi mau lan tak jajal.
Ndelalah, klambi kuwi kok yo pas temen ning
awakku ora perlu nyilikne lan ora perlu mermak maneh. Sajake pancen wes disetel
klambi iki enek kanggo nulungi aku.
Wes, kabeh persiapan wes beres, kari noto skenario sandiwaraku karo Putut dino iku. Aku
njingglengi raiku ning kaca, jane rupaku ki yo ora elek-elek banget. Ning kok
aku ki pawaan dilarani wong lanang ae. Bener kandhane Mbak Mike yen aku ki mesti
seneng karo wong lanang sing salah. Kabeh mantan pacarku kuwi ora ana sing
beres. Pedote karo aku mesti perkoro ngesir wedokan liyo. Hah… ancen rai nek
rai apes ki mesti wae bola bali kapusan. Opo kudune aku iki diruwat ya? Koyok e wuku lan pasaranku nalika lair enek
sing ra beres.
“ Sum, kowe ki enek acara po ra…? Di telfon
ket wingi angel tenan.Wes koyok dalang oleh tanggapan ae, golekane ndadak
nginceng-nginceng ning ngisor longan…” kandhaku lansung nyemprot nalika krungu
swarane Putut saka speaker HP ku.
“ Biasa ae nyapo to Jum…. Kupingku ki jek normal, ra
sah macak koyok guru SLB sing ngajari murid e sing sudo rungon…”kandhane Putut
ning aku sajak gelo.
“ Ki keadaan darurat ki Sum,…”
“ westa, mudeng aku karo karepmu ki. Kowe sms aku wes
ping suwidak njaran karo kata-kata sing podo, sak titik komane. Ra sah
mbleyer-mbleyer nuw nyapo…? Bensin mundak ki…”
“ Hash… wes siap to we…?”
“ Wes, tapi… Aku ra enek montor jum. Aku papak ya…”
“ Hash… Awas ya we, tak papak rono nganti we ra dandan nggantheng, tak
gawakne sak tak buntel we…”
“ Sing tenang ow Jum. Aku ngerti seleramu…” kandhane
karo nutup telfone.
Aku langsung mlayokne motorku kecepatan
penuh. Aku samar nek ra keburu. Wektuku mung sedela. Undangan mantene Fatim jam
9, mangka iki wes jam setengah 9.
Aku wes nyiapake jawaban-jawaban saka
pertanyaan sing mungkin diajokne ning aku nek aku ketemu kanca-kanca lan Tama.
Aku wes nata kapan kiro-kiro aku jadian, ning endi, kok iso kenal, ketemune
piye. Wes tak tata mlathing ning utegku iki sambi numpak montor.
“
Assalamualaikum, Pak..” kandhaku nyopo bapak e putut nalika aku lagi
mudun saka montor.
“ Walaikum salam…” jawabe bapak e sing lagi
ngedusi manuk ning kurungan.
“ Putut wonten pak…?” kandhaku isih ngeyel takon ning
bapake sing ora ngreken aku karo isih ibut ngurusi jalak e sing kipat-kipat.
“ Eh, “ kandhane sajak kaget ngerti aku karo
mbenekake sarunge sing nyincing teko dengkul, “ enek ning njero mbak… “sajak
isin tibake aku sing teko tiwas ra direken.
“ Ngebut, jum…? Yah menewes teka…” kandhane putut
metu saka nero omah karo nganggo klambi bathik ungu, jam tangan ireng, rambute
di spike isih semu teles, lan celana jeans.
Subhanallah…. Semaput aku rasane ngerti
rupane sing baguse kaya Ariel noah tikel ping lima. Mataku ki selawase iki ning endi kok
nganti ora sadar yen ana menungsa bagus njemumus ning kene, kok malah biayaan
golek wong lanang-lanang sing dapurane ra mbejaji, kranjingan pisan. Lo lha
ngopo aku ra pacaran ae karo putut ket wingi-wingi… saiki lagi sadar aku yen
bocah iku ngganteng e iso nggarai semut ngiler-ngiler turut rattan.
“’ Jum… we terpesona karo aku ow…?” kandhane Putut
karo nepuk pundakku.
“ Heh… he e…” kandhaku kaget, “ eh, ora ding… biasa
ae…” kandaku selak nutupi isin.
“ Arep ning endi to, Mbak..?” takone bapake Putut
ning aku sajak pengen weruh.
“ Anu, Pak. Ningali manten…” kandhaku blaka.
“ Oalah… iyo…iyo…” kandhane bapak e karo njupuk
semprotan isi banyu kanggo nyemprot manuk jalak e maneh sing ket aku teko ngoceh
wae ngalah-ngalahi cerewete ibukku dong ra nduwe duit.
“ Wes, ayo ndang budal…” kandhane putut karo nggeret
tanganku.
“ Monggo pak. Kulo rumiyin…”pamitku.
“ Iyo, mbak. Sing ati-ati.”Kandhane bapake Putut karo
nguntabne lungaku.
Cersssss….. cerssss…. Motorku ujug-ujug ra
iso distater.
“ Iki nyapo Jum…?” kandhane Putut ning aku sajak
bingung, ra iso nyetater motor maticku.
“ He…he…he.. akine tekor Sum, gung nduwe duit nggo
tuku. Stater oglek Sum, manual… manual…” kandhaku karo mrenges.
“ Haiyah….hadewh…hadewh… hadewh… dandan
ngganteng-ngganteng trimo mbok kon nyelah motor matic ngeneki…?” kandhane karo
nggrundel, lan ngoglek motorku sing rewel kui, “ we ngerti ra Jum, uripmu ki
ribet koyok klambimu wi lo… ruwet…”
“ sak uni-uni mu Sum, dino iki tarah uripmu
bejo, mbok gawe o keset dina iki aku manut wes. Ancen aku lagi mbutuhne
dangkresanmu sing rodok mbejaji kui. Hah…” kandhaku karo anyel.
“ Hahahahaha….”
“ Biasa ae… ngguyumu sajak ngece.”
Ora soyo meneng, ning saya seru anggone
ngguyu.Masio mangkel temenan atiku iki, nanging tak empet. Etung-etung, dina
iki aku mbutuhne deweke kanggo nutupi isinku ning ngarep e kanca-kancaku. Tapi
yen dirasakne omongane Putut iku pancen bener.Uripku iki ruwet kaya
klambiku.Ribet.Ra karu-karuan.Aku terlalu isin ngakoni ning wong-wong lek aku
durung nduwe pacar.Lan aku terlalu gengsi ngkoni ning wong-wong yen aku iki durung iso ngiklasne Tama.
Turut ratan aku ora lali manti-manti Putut supaya
mung muni iyo yen mengko ditakoni konca-koncaku,ben ora ngetarani yen aku karo
deweke ki mung sandiwara.
“ Tenang, Jum. Kowe wis ping satus telung puluh telu
leh mu ngomong ngono kuwi… aku ki masio ngene yo tau pacaran Jum. Ora koyo wong
buta huruf sing urip ning pinggir alas…” kandhane nalika medun saka motor lan
tak wanti-wanti tenan kanggo sing pungkasan.
“ Lha utegmu iw marai IQ jongkok, dadi kudu ping
mbolak-mbalik leh ku ngomong lagi mudheng.” Kandhaku karo nututi lakune.
“ Wes, ra sah kakean cerewet. Lambemu ki koyo pegawai
bang titil sing ora oleh duit setoran.” Kandhane karo nggandheng tanganku.
“ Heh… heh… opo iki…?” kandhaku karo ndudingi
tanganku sing digandheng deweke.
“ Lo…wes pikun arek iki… gurung ngombe obat…?”
kandhane karo ngendheg jangkahe lan nakoni aku.
Aku mung gedheg lan mandheng sajak bingung.
“ Jarene kon sandiwara pacaran. Lha yo iki pacaran.
Mosok gak gandhengan…? Nek konco-koncomu curiga piye…?” kandhane maneh sajak
ngece.
“ Iyo ya Sum… lali aku…” kandhaku karo nepuk bathukku
sing ra loro.
Aku karo deweke njur mlaku mlebu ning
gedhung resepsi.Lan koyo sing wes tak bayangke. Kanca-kancaku wes tumplek blek
dadi siji ning kono.
Ana Reni, anake juragan
mebel sing klambine abyor koyo penyanyi ndangdut anyaran kae. Trus, Matias,
anake juragan Bathik sing isih wae anteng lan tetep gawe kaca mata minus masio
wes jaman e gawe soft lens. Lan .... cusss.... jegagik... mripatku langsung
natap wewayangane... Tama... nganggo hem lerek-lerek putih dowo, dilingkis teko
lengen. Hem iku, hem leh ku menehi deweke nalika ulang tahun limang sasi
keungkur. Deweke mesti ngerti yen aku diundang Fatim acara manten e. Opo
mungkin deweke sengaja gawe hem iku. Opo mungkin deweke isih nduwe rasa ning
aku...?
Tapi, ujug-ujug....
settt.... Nadia adike Fatim ngrangkulke tangane ning bangkekane Tama, lan
mbisik i ning kupinge. Cedak.... temen. Atiku mak lap.... langsung murup koyok
diobong rasane. Kudu-kudu o mlayu klepat ngaleh.
“ Sing endi Yang mu
iku...?” kandhane Putut ujug-ujug mbisik i aku cedak banget ning kupingku,
mungkin deweke khawatir yen aku ora krungu mergo suara sound sistem e banter
tenan.
Aku ora mangsuli, senajan
aku krungu Putut takon marang aku.
“ Ka... Ika...” takone
Putut maneh karo ngingeti aku sajak bingung.
“ Kae, ngarepmu. Sing
nggowo gelas cocktail. “
“ lha kae, sing ning
sampinge dadi pager ayu kuwi sopo..?”
“ pacare sing anyar.
Adike Fatim... sing dadi manten.”
“ Astagfirullah....”
kandhane meh keselak, “ dadi yangmu kuwi saiki pacaran karo adik e koncomu...?”
“ iyo...”
“ matane pece ta...?”
“ Hush...!” kandhaku karo
nabok pundak e, “ ancen ayu an bocah kuwi to...”
“ Ayu apane...? awake
koyok blabak umbah-umbahan ngunu nuwk.... rambute tipis koyok tikus
tili-tili...”
“ Hahaha... lambemu....
larang wi ragat e.... weton salon...”
“ Weton salon i koyok
ngunuw...? Gek salon endi loh...? Kon tutup ae... Ketok lek mekso banget pengen
ayu...”
“ Yo pancen ayu lo...”
Tak ingeti Putut mung
mencep, lambene monyong limang senti koyok donald bebek.
“ Ayo, salaman karo
manten e sik...” tak geret klambine tak jak salaman karo manten ning nduwur
tratak.
“ Nek karo pacare ki yo gak
nggeret klambi nuw... “ kandhane karo mbungkuk mbisik maneh ning kupingku, “
sing bener ngene...” kandane maneh karo ngrangkulne tanganku ning lengen e
deweke.
Atiku mak prepet....
pyoh.... rasane, mandeg sedela.
“ Ngerti ra ngene ki
artine apa...?”
Aku mung gedheg, saking
ra iso ngomong opo-opo.
“ Ngeneki artine, tanda
nek wong lanang sing lengen e mbok gandheng iku milikmu... duwek mu....”
Aku mesem, “ Halah... sok
ngerti kowe... jare sopo...?”
“ Lhoh, ngeyel tenan arek
iki.... googling to makane ben ngerti... hahahaha...” kandhane karo mlaku isih
nggandeng tanganku...
Aku mung ngguyu, karo
tetep tak gandeng lengen e. Aku nglirik Tama sedela, isih jejer karo Nadia.
Tapi pas tak uwasi, deweke yo nguwasi aku.
“ modiar o we, sing tak
gandheng lo, luweh bagus timbang dapurmu. Lan saiki lo aku luwih ayu timbang
pager ayumu sing koyok papan gilesan kumbahan wi....” gunemku ning njero ati.