"mbak kat ... aku pengen takok
sejatine, sampean iku nduwe hubungan opo mbi mas arip?" aku kaget ujug
ujug wae adiku,Marsini takok neng selo selo ngonceki brambang.
"
la ngopo kowe ujug- ujug takon ngunu kuwi neng aku?" pitakonku mbi
tetep ngrajangi brambang, sesuk riyoyo koyo biasane aku mbiyantu mbah
ibu gawe lontong, mbah ibu ancen hobby masak , makane nek pas riyoyo
ngene ki biasane aku mbi adiku Marsini ngelembur mbiyantu mbah ibu
ngonceki brambang, gawe lontong, ndeplok bubuk dele, sak ubo rampene,
sejatine mbah ibu wis sepuh , bola bali wis sambat yen ampeane wis sajak
linu, tapi piye mene, jik seneng eram masak,ora keno dipenggak, karepe
isik koyok isih sehat, isih pengen gawe reno reno.
"ora
mbak , aku muk pengen ngerti ae, kok koyone sampean iku cedak mbi mas
arip" pitakone mene sajak moyoki , koyok pacokan bocah bocah.
" hash ... kowe kuwi sih cilik, ngerti opo?"
" halah .... cie cie ... mesti enek opo - opo yo mbi mas arip?"
"
kowe kuwi meneng opo tak sumpeli lambemu mbi brambang? ndang di pususi
kuwi lo berase, dokani mbah ibu, kuapok kowe" sumaurku koyo koyo nesu,
" iyo iyo .... ngunu wae kok yo nesu barang ? eh tapi mbak, mas arip iku menak lo di ajak ngobrol"
" la kowe ngerti ko ndi?" pitakonku karo neruske lehku ngrajang brambang,
"
aku sering chatingan mbi mas arip,wong enak, piye ya mbak, koyone iku
gak usah tak omongke, mesti ngerti opo sing tak pikirno, opo deke mbiyen
muride eyang subur ya mbak?"
" hust ... ngawur!!yo ora lah .... mungkin ancen de'e iku ngerti masalahmu"
"
yo ora mbak, sejatine aku nek curhat iku gak penah lugas , bohosoku
rodok tak tutup tutupi, tapi tetep wae mas arip ngerti karepku"ujare
Marsini, mbi mususi beras
" iyo ... nanging gak usah cedak cedak ... yo ...."
" lha ngopo mbak?"
"
yo ora kepenak , kowe curhat koyo ngunu mbi mas arip, nganggu ... opo
mene curhatmu iku sejatine ora patio penting, paling sing mbok bahas ,
yo Jalu , Jalu , Jalu to?"
"
hahahaha, ora seh mbak , ora iku tok, aku yo pernah curhat merkoro
gawean, tapi ancen mas Arip iku jos mbak, pengen golek mas arip sing sak
umuranku, dadine iso tak pek bojo mbak"
aku
muk meneng , ora sumaur, adiku ancen celebang celebung omongane,
mungkin yo bener, arip iku sosok sing tak butuhke, duduk mungkin nek
kabeh cah wedok sak ndoyo ngerti bocah koyok arip, mungkin kabeh yo
bakal tresno mbi deweke, bocahe ora ganteng, ireng, tapi koyo nduwe
karisma, nduwe istimewa sing ora ono neng wong lanang liyane.
" tanggih lamun kowe kuwi, mikir ojo duwur , duwur, ngepek arip , opo pengen di celathu mbi pacare?"
" lhoh? mas arip iku wis nduwe pacar mbak?"
" gundulmu, yo jelas uwis lah ... nek durung, sak durunge mbok rabi, uwis tak rabi disik , hahaha "
" nah ... sejatine , sampean yo ngesir ta mbak mbi mas arip?"
" hash kowe kuwi ngerti opo?"
"aku wis gede lhoh mbak, aku wis nduwe KTP , terus aku yo pernah ngalami kuwi , sing jenenge Polling in lop mbak "
"
walalah lah .... adiku iki .... kenek opo sampe koyo ngene, mesti goro
goro sing jenenge jalu kuwi, jane koyo opo sampe koyo ngene"
" hwkwkwkwk lambemu mbak, ojo banter banter, weruh ibu, aku di penteng neng pemehan " kondone mbi nyirati aku banyu pususan.
"
aku isih penasaran mbak, bojone eh ... pacare mas Arip iku ayu mbak?"
mak tratap atiku , krungu pitakone marsini sing ngelingke aku neng
kejadian 3 dino kepungkur,
"ayu ... mosok kowe gurung ngerti?" takonku mbi nyawang adoh rupane adiku, deweke muk gedek.
"bodine
mulus, uwaaayu, rambute dowo sebahu, putih... sexy, pokoke, awake dewe
ngene ki, ora ono sak tungkake" panjelasku sak gamblangku, sampe adekku
muk dowah dowoh mbayangne bocah wandon iku.
"jeneng e sopo mbak"
" aku jane ora weruh jenenge sopo, tapi ndik mben tak delok neng facebooke Siti Wulandari , ayu to jenenge? "
"iyo
mbak.,.. ayu yo ... mesti wonge yo ayu, aku yo jik pegel mbi bapak karo
ibu, ngopo jenenge awake dewe gak apik yo ? jenengku , Marsini , terus
jenengmu yo muk Katemi, uwis ... gak ono embel embele"
" hust .. bapak mbi ibuk iku , maringi jeneng iku wis paling apik kanggo awake dewe. doa iku.... "
"heleh ... "
" bocah dikandani wong tuwek kok yo ..."
" yowes njanjal mbak, mengko tak deloke, bocahe koyok piye, aku penasaran ,ayune koyo ngopo"
" terus nek wis ngerti ape ngopo?"
"yo
ora opo opo mbak, aku cuma pengen ngerti selerane mas arip, mbok
menowo,nek mengko aku ketemu mas arip versi sak umuranku, aku kudu koyok
mbak ... sopo mbak? sri sopo mbak?"
"SITI WULANDARI. sri ... sri ... senengane ganti jenenge wong"
"
naah ... maksudku kuwi mbak , hahahaha" rasane isih mak celekit neng
ati naliko tak sebutno jeneng kui, atiku koyo di tunjepi peso , koyok di
bacok mbi arit sing landep ora umum , perih loro, sing tak rasakno,
pikiranku isih mikir kedadean 3 dino kepungkur, kupingku isih sayup
sayup nangkep omongan sing marai aku ora iso turu, mangan ra jenak,
sholat ra khuyuk,
" Par.... sing ndi areke , sing jarene ape ngrebut bojoku?" aloke Ndari pacare arip iku mbi ngelirik sinis neng aku.
" iki to?" takone banter sajak ben aku krungu terus nyadari yen sing dimaksud iku aku,
"iyo ... Bocah ndeso ,sing uayu dewe kuwi" kondone Parti koncone raket Ndari.
"Ayu? maksudmu? luwih ayu soko tungkakku? Biasa ..... ora ono apik apike....opone sing istimewa??"
mak
tratap atiku, mak mbek koyok ono godo sing di pentungke neng raiku
seketika iku. aku salah opo sampe sejatine de'e nyindir aku sampe
semunune? ancen aku cedak mbi arip, iku cuma sebatas konco, mergo aku
muk seneng curhat ambek deweke, kui pun aku curhat yo merkoro pacarku,
Dimas. tapi ancen aku ngeroso yen Arip iku nganggep aku istimewa, kadang
aku ancen bingung karo sikape Arip neng aku, tenanan opo guyonan iku
ora ono bedane. tapi tetep wae, aku wis nduwe Dimas sing ngacani aku
suwene 5 tahun, opo mene , aku yo ra sebanding mbi Ndari, sing ayune
koyo widodari , ora mungkin yen arip iku seneng karo aku, arip iku
kelase tinggi, muk wong wadon sing bener bener high class sing iso
nyandak atine, la nek koyok aku? aku iki opo? wadon deso , sing ora ono
opo opone, Katemi .... soko jenengmu ae wis ketok ndeso kowe kui mi ....
yo wis sepantese nek kowe di celatu karo bacah wedok ayu sing sak
nduwurmu, nyadari to mi... nyadar o nek , Arip iku cuma nulung kowe,
arip iku cuma mesake marang kowe, ora ono maksud liyo, tapi keno opo
Ndari sampe ngeloke aku koyo ngunu, ora mung aku wae, adiku barang oleh
imbase, adiku ora luput soko aloke lathine sing luwih landep soko busure
janaka sing iso ngilangke nyowo. mripatku mbrabak,lan ngunjal ambekan
dowo , mbi tetep ngrajangi brambang.atiku kepiris ... rasane ora koyo
ceblok soko lantai pitulikur gedung pecangkar langit, aku yo wis nyadari
yen aku iki bocah ndeso, sing ora ono opo - opo, tapi aku ora seneng
carane ngumbar fitnah yen aku ngrebut pacarke neng tonggo, kesane koyok
bocah abg sing lagi rebutan pacar. tak akoni , ancen aku simpati marang
arip, aku simpati lan seneng ngobrol mbi deweke, tapi aku sejatine yo
pengen kenal, raket mbi Ndari, aku tarah iri karo Ndari, bocah wadon
kang bejo oleh Arip sing ngerti lan nerimo opo onone Ndari,tapi aku muk
sebatas iri, ora ono kepengenanku ngrusak hubungan Ndari mbi arip , ora
ono terbesit neng pikiranku pengen Ngrebut arip soko deweke. atiku tatu
mbi cara ngomonge, maune aku simpati mbi ndari sing ayu koyo widodari,
saiki ambyar koyo awu ding katiup angin seketiko , naliko omongan sing
nunjem neng atiku. atiku loro .... atiku nangis ... cukup semene
anggonku curhat neng sliramu rip, aku nyuwun ngapuro yen aku gae tatu
Ndari, aku nyadari, Ndari koyo ngene amargo deweke ora gelem kelangan
kowe.
" mbaak, mbak katemi .... ono hapemu muni...." aloke Marsini mbuyarne lamunanku
"eh? lapo sampean nangis mbak?" pitakone adiku
" ah .. ora ... aku ngrajangi brambang, dadi mripatku pedes" sauranku ngelapi luhku, mbi nampani hapeku
" wealah ... koyok bocah lagi ajaran rajang rajang ae" kondone mbi nlunyur mlebu
tak
delok hapeku, 1 pesan diterima , soko Ariep, tak bukak koyo biasane
sms nakoke aku lagi opo, tapi atiku wis kadung tatu, aku luwih sayang
atiku, ketimbang loro pindo sing sampe ra ngregani ati, tak eling eling
opo sing di kandake Ndari neng aku .. ora tak laleke sak umur uripku,
tak hapus smse, lan nomore soko kontakku.aku ngunjal ambekan, sak elek
eleke rupaku, sak elek eleke jenengku, aku isih bejo nduwe ati kang ayu,
paling gak , aku gak penah gae tatu atine kanca kancaku. tak akoni
Ndari pancen ayu ... tapi aku muk iso ndungo mugo mugo, lathi lan atine
ayu koyo rupane.